Postingan

Bintalsik(bimbingan mental lan fisik)

Gambar
 Bintalsik Bintalsik SMK CANDA BHIRAWA PARE kelas X dilakoni ing Brigif Wirayuda Mekasis 16 pada tanggal 24-26 Agustus 2023 Bintalsik dumadi saka kelas X sing jumlahe 685 rombongan,kula sangking gelombang 3 dieloki angsal jurusan mesin 1 teka mesin 5 sing jumlahe 298 rombongan. Bintalsik(bimbingan mental lan fisik) yaiku salah siji materi skill sing diwenehi tumrap para siswa siswi sing nduweni tujuan ningkatkake kedisiplinan, loyalitas,kerja sami, tanggung jawab,lan nduweni mental sing tangguh.Aku melu bintalsik ing Brigif Wirayuda Mekasis 16,sedina melu Bintalsik rasane awak kesel sedaya amargi sampun angsal hukuman,dina ke2 diajak munggah Gunung Klotok, rasane seneng merga bisa ngrasakake munggah Gunung Klotok, dina ke3 kula ngrasakake seneng amargi diajak latihan tentara lan diajak lomba kaleh pelatihe Sawijining crita kula melu Bintalsik maturnuwun Nami:Guntur Setya Nanda Absen:27 Kelas:X TPM 2

Khasiat Beras Kencur

Gambar
Sumber gambar: Watyutink.com Beras Kencur iku salah sawijine jamu kang kondhang ning masyarakat Jawa digawe saka bahan herbal lan alami,jamu iki kalebu jamu kang duwé khasiat ngilangake rasa pegel-pegel ning awak.Padatan kang apik lan asring dibiasakake para penikmat jamu iki bisa ngrasakake penake, awak ora kerasa pegel-pegel manawa nyambut gawe kang rada abot lan nggawe awak kerasa luwih seger.Ana ning masarakat Jawa, beras kencur kalebu jamu gendhong. Saliyane beras kencur ana jamu kunir asem, jamu sinom, jamu cabe puyang, jamu pahitan, jamu kunci suruh, jamu kudu laos lan jamu uyup-uyup atawa gepyokan.Jamu beras kencur iku kalebu omben-omben obat tradhisional Jawa kang wis ana awit jaman biyen, racikane diturun-temurunke saka jaman Majapahit lan nganti saiki isih diuri-uri, nuli dilestarikaké.Jamu iki dadi salah sawijiné kasil kabudayan Jawa. Refrensi:https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Beras_kencur Nama:Guntur Setya Nanda Kelas:X TPM 2 No absen:27