Khasiat Beras Kencur
Sumber gambar: Watyutink.com
Beras Kencur iku salah sawijine jamu kang kondhang ning masyarakat Jawa digawe saka bahan herbal lan alami,jamu iki kalebu jamu kang duwé khasiat ngilangake rasa pegel-pegel ning awak.Padatan kang apik lan asring dibiasakake para penikmat jamu iki bisa ngrasakake penake, awak ora kerasa pegel-pegel manawa nyambut gawe kang rada abot lan nggawe awak kerasa luwih seger.Ana ning masarakat Jawa, beras kencur kalebu jamu gendhong. Saliyane beras kencur ana jamu kunir asem, jamu sinom, jamu cabe puyang, jamu pahitan, jamu kunci suruh, jamu kudu laos lan jamu uyup-uyup atawa gepyokan.Jamu beras kencur iku kalebu omben-omben obat tradhisional Jawa kang wis ana awit jaman biyen, racikane diturun-temurunke saka jaman Majapahit lan nganti saiki isih diuri-uri, nuli dilestarikaké.Jamu iki dadi salah sawijiné kasil kabudayan Jawa.
Refrensi:https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Beras_kencur
Nama:Guntur Setya Nanda
Kelas:X TPM 2
No absen:27
Komentar
Posting Komentar